TARUMA MANGADEG NAGARA ( + 358 M)
Dening Yuliadi Soekardi
Misteri anane karajan Tarumanagara wiwit kawiyak kanthi tinemune naskah kuna ing dhaerah Cirebon. Lumayan, ana kira-kira 25 jilid. Naskah nganggo basa lan tulisan Jawa Kuna diparingi judul: Pustaka Rajya-rajya i Bhumi Nusantara. Naskah dibagi dari 5 parwa (bagean). Parwa dibagi maneh 5 sarga (pasal). Naskah tuwa mau disusun dening sawijining panitia kang dipandhegani dening Pangeran Wangsakerta (Abdulkadir Muhammad Nasaruddin) nalika panjenengane ngasta Panembahan Carbon (1677--1698).
Yen migateake prasasti Allahabad (India) ing zaman Samudragupta (330--375) kaanan tahun 358 M klop karo kaanan sejarah India. Samudragupta iku sawijining narendra Krajan Gupta, India kang misuwur, Samudragupta satemene putrane Chandragupta I (320--330). Muncule wangsa Gupta ing India Lor iki nduweni misi: bakal nguripake agama Hindu maneh, amarga wiwit ing zaman Ashoka (273--232 SM) agama ing India didominasi dening agama Budha.
Kocapa nalika Ashoka seda (233 SM) Krajan Maurya (kang ngawasani India, Pakistan, Afghanistan lan Bangladesh) ngalami perang sedulur lan kraman. Ing satengahing dahuru kuwi muncul bangsa Kushana (kang asale saka Asia Tengah) ngalahake mungsuh-mungsuhe lan kasil nguwasani laladan India Lor ngedegake Krajan Kushana ing awal tarekh Masehi..Sabanjure krajan mau kombul kakoncara nalika dipandeghani Kanisha kang banjur ngedegake wangsa (dinasti) anyar. Wangsa Kanisha. Kanisha uga netetpake anane kalender anyar kang disebut Taun Saka. Lan taun kawitan Saka diwiwiti taun 78 Masehi lan etungane nganggo etungan taun surya. Kanisha uga njembarake kawasane nganti tekan Afghanistan, lan Turkestan. Luwih-luwih sakwise perang geden mungsuh jenderal Pan-Chao, utusan Kaisar Han Ming-ti (dinasti Han Wetan).
Kaniskha 1 ora mung misuwur ing babagan kaprajuritan wae, nanging uga pendekar agama Budha. Panjenengane ngedegake wangunan-wangunan suci agama Budha kang sarwa endah. Ing jaman Kaniskha 1 muncul aliran agama kang nggambarake Budha kanti wanda manungsa biasa (anthromorphisasi). Saudurnge kuwi wong Budha haram nggambarake (nglukisake) Sang Budha kaya mangkono. Muncule aliran mau satemene sawijining revolusi tumrape kesenian India. Majune kesenian mau munculake puser-puser kesenian. Kayata Mathura (pernahe ing lembah Kali Gangga) lan ing Gandara (barat laut Punjab) lan ing sabagean Afganistan. Aliran Gandara mau memper kesenian Yunani/Romawi. Ora aneh yen ing jaman itu akeh digawe arca Budha lan Bodhisatwa saka watu. Ing jaman iku agama Budha pecah dadi loro (aliran Mahayana lan aliran Hinayana). Aliran Mahayana butuh arca-arca Budha saka watu kanggo kegiatan agamane. Lan uga ana sesambungan kang intensif antara India-Nusantara kala iku. Ora nggumunake yen agama Budha luwih disik sumebar ing kene, tinimbang agama Hindu. Amarga agama Budha mono sifate dakhwah. Tilase sng paling tuwa bisa ditelusur anane reca Budha ing sikile Bukit Seguntang ing Palembang. Uga ing cedhak Jember (Jawa Timur), lan ing pesisis kulon Sulawesi Selatan, ditemokake reca Budha saka perungu. Yen nithik ciri-cirine digawe ing tahun 150 M (mbarengi jamane Kaniskha 1, ing India Utara, nanging corak lan langgame cedhak karo kabudayan Amarawati ing lengkehing Kistna, India Selatan.
Kira-kira ing taun 200 M wangsa Kaniskha kang Budhis iku ngalami tumpur. India kala iku bali manh marang jaman penuh kekisruhan. Nembe ing taun 320, India Utara, dikuwasani dening Chandragupta 1, kang ngedegake Wangsa Gupta. Muncule wangsa Gupta iki, nuwuhake owah-owahan geden ing masyarakat. Yen sadurunge agama Budha dadi mayoritas, wiwit Chandragupa 1, agama Hindu ganti ndesek agama Budha, kanthi muncule para pandhita mudha kang nganakake reformasi. Dene agama Buha (Mahayana) terus kadesek ing laldan India Utara. Malah wusanane pusere Agama Budha Mahayana ngalih ing mancanagara (Tiet, Cina Thailand, Myanmar, Kamboja, Vietnam, Korea lan Jepang). Nanging aliran Hinayana, isih tetep ana ing India Kiudul wusana nganti tekan ing Srilangka nganti tumeka saiki.
Suwe-suwe agama Hindu dadi agama nasional maneh. Biyen nalika Budha dadi mayoritas ora ana panindesan marang agama liyane (Hindu). Mangkono uga nalika Hindu bali ingin panggung kakawasan ora nate keprungu anane panindesan marang para pangrasuk agama Buha. rikala iku toleransi beragama wis dadi sikepe para penguasa. Iku sababe, puser-puser agama ora nate dirusuhi lan ora ana fanatisme agama. Upamane ing paguron luhur agama Budha ing Nalanda, ing jaman Gupta lan sateruse, tetap dadi puser pasinaon agama Budha. Malah ditekani siswa saka mancanagara (uga saka wilayah Nusantara). Kayata Fa-hsien (405--411) kang nate mampir ing Tarumanagara; terus Hsuan - Tsang (643--652) lan liya-liyane. Narendra misuwur wangsa Gupta ora liya ya Samudragupta, putrane Chandragupta 1. Ing jamane laladan Gupta dijembarake nganti tumeka ing sapinggire Kali Narbada (Narmada), ratu-ratu sakiwa tengene Kali Gangga diteluake kabeh.
Nalika iku ing India Kidul na rong krajaan kang nyoba nahan lajune ekspansi Sanudragupta. Yaiku wangsa Calankayana, lan wangsa Palawa. Narendra Calankayana ora liya Hastiiwarman, dene narendra Palawa, ora liya Wisnuopa. Paparangan gedhen ora bisa diselaki maneh, nganti pirang-pirang wulan. Rajapati ora bisa kaethung wilangane. Suwe-suwe narendra sakarone ora kuat nahan krodhane wadya bala Samudragupta. Wadya sakarone ditumpes kanthi wengis ing taun 275 S (345 M). Malah kawula kang tanpa dosa ya dipateni gedhen-gedhenan.
Ngungsi Saka India
Kanggo nyingkiri pamrawasa mau para panggedhe lan kawula kang isi urip kapaksa ngungsi golek kasalametan. Ratu karo kulawargane, pangiring lan panggedhe liyane padha ngungsi sajeroning wana. Nanging ana uga sagolongan kang nekad, mangungsi mring negara liya, nyabrang sagara. Ana kang menyang Yawana, Jawadwipa, Kamboja, dan liya-liyane.
Ana salah sijine kulawarga Palawa kang ngungsi menjang Jawadwipa, dipandhegani Darmawirya tumeka ing Jawa Kulon. Wektu kuwi ing Jawa Kulon wis ana sawijining krajan kang disebut Salaknagara. Ratune kala iku Putri Spatikamawa Warmadewi (putrine Dewawarman VIII). Darmawirya malah entuk kanugrahan didhauapake karo Sang Ratu lan sabanjure bebrengan mangawasa Salakanagara kanti jejuluk Prabu Darmawirya Dewawarman (Dewawarman ka VIII tahun 348--368) lan peputra Dewi Iswari Tunggal Pertiwi Warmadewi (Dewi Minawati), lan Sang Aswarman. Aswarman diangkat anak dening Sang Kudungga pangawasa Bakulapura (ing sejarah disebut Kutai). Sabanjure Dewawarman VIII uga anggarwa Dewi Candraloka, sawijining putri sawijining brahmana saka Calankayana, India, kang padha-padha ngungsi menyang tanah Jawa Kulon. Patutan saka Candraloka iku nurunake ratu-ratu ing Swarnadwipa, Tanah Semenanjung lan ing tanah Jawa Tengah.
Madege Tarumanagara (358 M)
Bareng karo pangukuhane Darmawirya (Dewawarman ka VIII) ana sawijining Maharesi Hindu saka kulawarga Calankayana ngungsi mring tanah Jawa. Dikanthi pangiring, prajurit, sagolongan kawula alit lanang wadhon. Ngungsi jalaran diuru wadyabala Samudragupta. Asmane Jayasingawarman, ngani tumeka ing Jawadwipa bang kulon, ;lan dadi warga Salakanagara. Sawise entuk idi palilah, Maharesi Jayasingawarman saparakanca manggon ing sacedhake Kali Citarum (cedhak sungapane).
Padunungn mau disbut Sang Mahaesi: Tarumadesa (Desa Taruma). Kira-kira sepuluh tahun saka itu Tarumadesa wiwit regeng, amarga katungka tekanan warga desa liyane kang padha pindah menyang desa Tarumadesa mau. Tarumadesa saya gedhe lan ngambra-ambra banjur suwe-suwe dari kutha utawa Nagara. Lan disebut Tarumanagara (tegese Kutha Taruma). Bareng rejane Tarumanagara Resi Jayasingawarman malah dipundhut mantu dening Dewawarman VIII enthuk putrine kang katelah Dewi Minawati (Iswari Tunggal Pertiwi). Ing tembe peputra Darmayawarman.
Bareng karo kemajuwane Tarumanagara, Jayasingawarman uga mirsani yen tho Krajan Salakanagara dinane iki sangsaya keropos lan ora bakal suwe maneh. Mula ing kono muncul ambisine arep madeg krajan dhewe kang katelah Tarumanagara. Mula Jayasingawarman wiwit mbangun tentara kang kuwat. Terus mbangun pelabuhan. Nduduk terusan saka Kali Chandrabagha menyang segara. Terusan mau disebut Kali Gomati. Sabanjure mbangun kutharaja (ibukota) kang disebut Jayasingapura ing sapinggire Kali Gomati (antarane Bkeasi--Tugu) Tujuwane ora liya, kanggo nulak banjir, ngelancarake lalu-lintas perdagangan.
Sawise tumata Jayasingawarman wiwit nggelar wilayah kekuasaan ing sakiwa tengene Bekasi.
Lan nalika Dewawarman VIII seda ing 368 M keprabon diterusake Dewawarman IX, ambruke Salakanagara wis ora bisa digondeli maneh. Malah suwe-suwe Salakanagara kabawah Tarumanagara Jayasingawarman wiwit madheg ragu ing Tarumanagara kang jejuluk Prabu Jayasingawarman Gurudarmapurusa utawa Rajadijaraguru amarga panjenengane ya ngarangkep dadi guru agama. Jayasingawarman dadi ratu kapisan lawase 24 taun (358--383). Jayasingawarman seda sawise yuswa 60 tahun lan disareake ing pinggire Kali Gomati mula katelah Sang Lumahing Gomati.
Sateruse keprabon lengser mring putrane pambrep, Darmayawarman. Sabanjure dadi ratu Tarumanagara ka-2 kanthi jejuluk Rajaresi Darmayawarmanguru, amarga panjenenge ya ngarangkep dadi gegedhuging para guru agama (382--392).
Sang Rajaresi nyebar agama Hindu mring para penghulu desa, lan sakabehing kawula. Ning para kawula isih ngugemi agama leluhure, kang muja roh leluhur lan adat kuno. Iku sababe Sang Rajaresi ngupaya nekakake para guru agama saka India Kidul.
Kawula Tarumanagara dibage nganggo pranatan kastha (brahmana, satria, waisya, lan sudra). Golongan pendudhuk dibage marang: nista, madya, utama. Golongan nista wedhi banget marang kulawarga karaton.
Sang Rajaresi dari ratu lawase 13 taun. Sawise seda disarekake ing Kali Chandrabagha (Sang Lumahing Chandrabagha). Sedane tahun 397. Rong taun sakwise lengser keprabon digenteni putrane Sang Purnawarman. Kang laire ing tanggal kaping 8 bagean peteng wulan Palguna taun 294 S (16 Maret 372 M).
Ing kene pangripta (penulis) satuju yen jarwan prasasti kang ditulis ing jaman Purnawarman iki kudu diowahi sethithik.
"Dhek biyen Kali Candrabagha dikedhuk dening Rajadirajaguru ingkang bahune prakosa (gedhe kuwasane) sakwise ngaliwati kutha kang misuwur (Jayasingapura, YS) mili menyang segara. Ing taun ka-22 sakise madeg nata (417 M, YS), kahanan nagara tambah raharja, amarga panjining sakabeh ratu, yaiku ingkang misuwur Purnawarman, wus purna ngedhuk saluran Kali Gomati kang endah, murni banyune, miwiti tanggal kaping 8 bagean peteng wulan Palguna, lan rampung ing tanggal 13 paro-peteng wulan Caitra, paripurna sajroning 21 dina. Dawane 6122 gendewa (udaraia 11 m, YS) mili ing satengahing padalemane eyange (Sang Rajadirajaguru, YS), lan (ramane) Sang Rajaresi. Kapurnaning karya maringi kanugrahan maring para brahamana nganti 1000 sapi."
Prasasti iki klop karo yang dijelasake.
Dimuat ing Majalah Panjebar Semangatr No. 13 -- 25 Maret 2000
Tidak ada komentar:
Posting Komentar