dening: Yuliadi Soekardi
Cerkak satemene
sawijing karya fiksi wangunan dumdi saka cerita kang cekak. Yen diwaca ora
ngentekake wektu luwih saka sajam. Cerkak, sawijining karya sastra kang akeh
dipublikasi dening media massa, kayata: majalah, koran tabloid, utawa
diwacakake ing pasamuan sastra, uga ing radio-televisi ing ruang apresiasi
sastra. Saiba sepine sawijng media massa mau yen ora ana cerkakke siji-sijia.
Luwih-luwih media massa hiburan, rasane kok rada ngganjel yen ora ana cerkake.
Banjur kayangapa
gatrane cerkak kuwi? Umume, gatrane cerkak kang kasat mata nuduhake yen cerkak
mono cerita kang bener-bener cekak. Ning, apa ya kabeh cerita cekak kagolong
sawijing cerkak? Durung mesthi. Akeh banget cerita cekak kang ora kalebu
sawijining cerkak. Contone: fabel (cerita cekak bab sasatoan kang kebak
ajaran moral) umpamane: Kancil Nyolong Timun, Bango Tuwa, lsp; parabel (cerita cekak bab ajaran
agama/kitb suci) umpamane: Tantri Kamandaka; lan anekdot (cerita lucu lan aneh, sing
direka-reka utawa tokoh-tokoh kang pancen ana) umpamane Abu Nawas, Nasruddin
uga rubrik Apa Tumon ing PS, lsp.
Terus ciri-ciri
cerkak jelentrehe piye? Kapisan:
cerkak mono pancen cerita kang bener-bener cekak. Kapindo: cerkak sawijininng karya kang
direka-reka (fiksi), lan dudu tuturan prastawa kang nyata-nyata
kadadeyan kayadene warta (berita). Nanging prastawa kang nyata-nyata kadadeyan
kayadene warta (berita). Nanging pancen bener-bener asli imajinasi (khayalan). Uga kalebu cerkak kang
ditulis adhedasar saka kadedayan nyata ing sakiwa-tengene kita. Katelu : cerkak sifate tuturan utawa
naratif. Cerkak dudu sawijing deskrispsi (gegambaran; wedharan), argumentasi (menehi alesan kanthi cara
tartamtu; bantahbantahan; pirembugan) utawa analisis (mbukak wedharan) sawijing masalah.
Cekake, cerkak dudu warta (berita); dudu cerita pangumbaran; lan dudu sketsa (gegambaran; rencana; lsp).
Cerkak monon
pancen sawijing cerita utawa tuturan dudu sawijing analisis utawa argumentasi
kang khayali (ora bener-bener kadadeyan), ning bisa uga kedadeyan ing ngendi
wae. Kanthi ciri-ciri ing ndhuwur mau, cerita kang relatif cekak. Lan
tuturane ditulis kanthi irite tetembunan, irit paraga, lan irit kadadeyan. Mung
ana siji kadadeyan, lan siji thil kesan kanggo pamaose. Sanajan kaya
mangkono, cerkak dudu arupa sawijing wanda kang manunggal, wutuh lan komplit.
Piye carane supaya
bisa gawe cerkak kang wutuh lan lengkep. Cerkak umume digarap saka unsur-unsur
antara liya: anane kedadeyan cerita (alur utawa plot); paraga cerita lan watake
(karakter); tema cerita; swasana cerita (mood lan atmosfer cerita; cerita
(setting); gegebengane pangarange (point of view); lan gaya pangarange (style).
Ning amarga winatese ruangan; umum pangarang mung mentingake salah siji unsur
ing cerkak garapane. Ana cerkak kang mentingake alur utawa karakter wae. Ana kang
nengenake gegebengane pangarang, lsp. Senajan kaya ngono deweke or mbuwang
unsur-unsur cerkak liyane. Jelase, cerkak kudu lengkap lan wutuh, ngemot
unsur-unsur cerkak ing nduwur. Mung we sang pangripta munjerake cerkake ing
salah sijine unsur kng nguwasani cerkake.
Dadi saka unsur 7
mau, pangripta miwiti awe ceritane. Wiwitane: 1. Pangripta nggambarake sawijing
kahanan; 2. Pecahe sawijing tukar padu (masalah); 3. Kahanan tambah ndadi; 4.
Kadadeyan wis tekan pucuke cerita; 5 Pangripta miwiti mecahake masalah lan aweh
pungkasaning cerita.
Kanggo nggambarake
parag-paraga ceritane, pangripta migunakake rong cara. Cara langsung lan cara ora langsung.Cara langsung: pangripta lngsung wae
nggabarake wand lahiriahe sawijining paraga. Umpamane wujud fisike (rai, irung,
mata, lsp) arane manganggo busana, perilakune, lagayene, lsp. Contone:
"....Dul empit sing nggatekake ceitane Sari Panduman iku mripate katon
byar-pet, ora amarga rasa bungah ananging pancen ngempet kantuk sing ora
mekakat. Ewa semana sing jeneng labe tipis iku ngeciwis ora uwis-uwis."
(Maryuni Purbaya, Renda-renda Benang Sutrra, PS No. 27- Juli 2000, kaca 20)
Cara Ora
Langsung: pangripta ora langsung nggambarake
sacara samar para para ceritane. Nggambarake dalan pikirane lanrasaning atene;
nggambarakerekasi paraga liyane; kahanan sakiwa-tengene; saengga para maos bisa
ngonceki dhewe karaktere sawijing para (rajin, sopan, kurang ajar, brutal,
soleh , lsp. Cara loro ing duwur mau bisa dianggo selang-seling.
Conto cara ora langsung: "Kenya iku nyoba ngeling-eling manise lelakon. wengi sing mujudake weni pepisahan tumrap wong loro iku dilakoni ing papan kono mangn panganan karemane dhewe-dhewe. Kenya iku nyoba nggoleki maneh rasa pangrasa sing tau ana kaya biyen.""Kawit mau kok mung meneng wae swarane wong lanang iku angluh. "Limang taun daklakoni ijen ing Jerman mng dikancani rasa adhem lansonya. Tansah dak eling pepisahane awake dhewe. Socmu sing kekembeng eluh."
Kenya iku nyoba nggambarake lelakon limang taun pepisahan pancen rinasa abot. Nanging sawise lumaku pirang-pirang sasi, kenya iku ngarasakake owahowahan. Dheweke bnjur nyoba ngilangi rasa sepi iku kanthi nulis layang sing dhawa marang wong lanang iku ...." (Ratna Indaswari Ibrahim, Dewi Seyawai, PS No. 26-24 Juni 2000, kaca 24).
Gegebengane pangripta bisa dibage marang: gegebengane wong kapisan. Pangripta migunakake "aku" dadi paraga utama. Ana uga kang migunakake aku dadi sawijining paraga kang ora ditokohake (dudu paraga utama). Sabanjure pangripta migunakake wong katelu (dheweke, si A, si B, lsp.) dadi paraga utama. Pangripta ora kabulet langsung marang caritane. Ning pangripta meruhi meruhi pikiran lan rasa si tokoh caritane. Pangripta bisa uga tumindak dadi tukang lapuran wae.
Mbokmenawa tulisan iki banget cekake yen disebut sawijining apresiasi pambuka ngarang cerkak. Mung sakora-orane bisa nggugah setithik minat panjenengan ngarang sawijining cerkak (carita cekak = cerpen). Muga-muga wae. Nuwun.
Dimuat di Majalah Panjebar Semangat, Surabaya, No. 39 - 23 September 2000
Tidak ada komentar:
Posting Komentar